RETNO DUMILAH TRIMO PASRAH
RETNO DUMILAH TRIMO PASRAH
Cerpen Karangan: Erlin Kartikasari
Kapinuju parepatan agung ing Kraton Mataram, Panembahan Senopati Ing Ngaloga Panetep Panatagama, ngendikan babagan Adipati Madiun ingkang sampun sawetawis dangu mboten kersa sowan dhateng Kraton Mataram asok glondhong pengareng-areng. Glondhong pengareng-areng inggih punika bulu bhekti.
Patih Wonosalam ngaturake sembah, Panembahan Senopati paring pangandikan.
Patih Wonosalam ngaturake sembah, Panembahan Senopati paring pangandikan.
“Kakang Patih Wonosalam.”
“Inggih sinuwun Prabu,”
“Wis sawetara suwe aku ora weruh sowane Adipati Rangga Jumena.”
“Sinuwun, paringana deduka ingkang kathah dhumateng kula. Pancen leres mekaten. Kula mireng saking telik sandi bilih Adipati Rangga Jumena punika sampun nglempakaken para adipati ing tlatah wetan kadosta Kediri, Malang, Sumenep, lan lintu-lintunipun. Sedaya sami makempal wonten Kadhipaten Madiun nyengkuyung Adipati Rangga Jumena anggenipun badhe brontak dhateng Mataram.”
“Kok bisa ngono, Kakang Patih?”
“Inggih Sinuwun, pramila nyumanggakaken kawicaksanan Ndalem.”
“Kakang Wonosalam yen pancen bener aturmu, saiki uga siapna prajurit sacukupe saperlu nglurug menyang Kadhipaten Madiun. Aku dhewe sing bakal dadi cucuking prajurit.”
“Sendika dhawuh, Sinuwun.”
“Yowis bodholna pasowanan iki.”
Kacariyos Adipati Rangga Jumena anggenipun nglempakaken para adipati ing brang wetan sampun sawetawis dangu. Awit rumaos mboten wonten bebaya saking Kraton Mataram, para adipati kathah ingkang sami kondur dhateng Kadhipatenipun piyambak-piyambak.
Dumadaan tanpa dimangertosi, Panembahan Senopati lan wadya bala Mataram nglurug perang dhateng Madiun. Sinaosa mekaten Adipati Rangga Jumena mboten ajrih ngadhepi wadya bala saking Mataram. Adipati Rangga Jumena tandhing yudha kaliyan Panembahan Senopati siji klawan siji. Adipati Rangga Jumena mbeta piandel Keris Tundhung Madiun dene Panembahan Senopati uga ngandhalaken Tumbak Kyai Pleret ingkang sampun misuwur kadigdayanipun. Tumbak Kyai Pleret kasil katamakaken ing jajanipun Adipati Rangga Jumena.
Sanalika jajanipun Adipati Rangga Jumena murub, Tumbak Kyai Pleret tan bisa nedhasi. Kaget penggalihipun Panembahan Senopati. Sanalika iku uga Panembahan Senopati oncat saking palagan lan ngundhuraken prajurit. Satemah bingung, kenging punapa Tumbak Kyai Pleret tan bisa nedhasi jajanipun Adipati Rangga Jumena. Panembahan Senapati, Patih Wonosalam lan sakabehing wadya bala ing Mataram sami kondur dhateng Mataram.
Dumugi ing Kraton Mataram Panembahan Senopati saandhahanipun sedaya sami mlempak, menggalih kanthi permati lajeng Panemahan Senopati paring pangandikan,
“Kakang Patih Wonosalam, kepriye Adipati Rangga Jumena tan tumama ingsun tamani Tumbak Kyai Pleret. Rumangsaku ora ana jalma manungsa kang bisa ngadhepi Tumbak Kyai Pleret nanging, Adipati Rangga Jumena tan kena kuliting ari. Banjur kepriye kakang?”
“Sinuwun. Adipati Rangga Jumena punika anggadhahi piandel ingkang sakalangkung sekti ingkang awujud Keris Tundhung Madiun.“
“Banjur kepriye nundhukake Keris Tundhung Madiun, Kakang?”
“Sinuwun prabu kula badhe ngutus telik sandi menyang Kadhipaten Madiun, supados mangertosi punapa kalemahanipun Adipati Rangga Jumena punika, pramila pamanggih kula sedaya sami lerem rumiyin sinambi ngrantos pawartosipun saking telik sandi.“
“Ngono kakang panemumu?”
“Kasinggihan.”
“Yen mangkono aja kesuwen enggal budhalna telik sandhi.”
Adipati Rangga Jumena bungah penggalihipun rumaos saged ngasoraken kadigdayanipun Panembahan Senopati. Saenggo Kadhipaten Madiun dados tentrem kados wingi uni, ananging kahanan ingkang mekaten punika dipun ginakaken telik sandi saking Kraton Mataram utusanipun Patih Wonosalam kagem madosi kalemahanipun Adipati Rangga Jumena.
Sasampunipun mangertos kahananipun Kadhipaten Madiun. Telik sandi enggal wangsul dhateng Mataram banjur matur dhumateng Patih Wonosalam. Patih Wonosalam sanalika iku uga ngadhep mring Panembahan Senopati.
“Sinuwun Prabu. Kula mangertos kalemahanipun Adipati Rangga Jumena ananging kedah mawi sarana menawi mboten mekaten mboten saged numpes Adipati Rangga Jumena ing Madiun.”
“Apa saranane Kakang Patih?”
“Kula nyuwun ngampil putra jengandika pambayun supados ndherek kaliyan kula. Mangke sarombongan badhe memba dados waranggana mubeng desa ngantos dumugi Madiun.”
“Kok bisa ngono Patih Wonosalam. Apa ora bisa liyane sapa sing wani nanggung kaslematane putraku sing dak tresnani.”
“Mboten wonten sinuwun, amargi pambayun piyambak ingkang saged nandhingi kadigdayanipun Adipati Rangga Jumena.”
“Yen pancen ngono daklilakake putraku pambayun budhal memba dadi waranggana.”
“Yen pancen ngono daklilakake putraku pambayun budhal memba dadi waranggana.”
Ing sadalan-dalan rombongan waranggana tansah ngumandhangaken gendhing-gendhing. Patih Wonosalam dalah rombongan memba dados waranggana ngantos dhumugi Kadhipaten Madiun. Para adipati ing brang wetan sami mlempak ing Kadhipaten Madiun dinten punika. Dumadakan wonten ingkang mangertos menawi wonten waranggana mubeng desa, ayu, lan swantenipun sae pramila langkung sae ditanggap lan dibetha menyang Kadhipaten Madiun.
Adipati Rangga Jumena utusan madhosi waranggana punika. Patih Wonosalam dalah rombongan sampun wonten Kadhipaten Madiun. Adipati Rangga Jumena lan para adipati brang wetan lajeng suka-suka midhangetaken suwantenipun waranggana dalah gendhingipun. Adipati Rangga Jumena kesengsem kaliyan kaindahan sulistyaning pasuryan waranggana. Waranggana pambayun punika kasuwun nyipeng dhateng kadhipaten ananging Patih Wonosalam anggadhahi panuwun, purun nyipeng wonten ing Kadhipaten menawi waranggana pambayun punika sampun saged mijiki sukunipun Adipati Rangga Jumena.
Amargi waranggana sarombongan punika tiyang alit menawi saged mijiki sukunipun Adipati Rangga Jumena ateges sami kaliyan kawula bhekti marang ratunipun. Adipati Rangga Jumena ngiyani panyuwunipun Patih Wonosalam. Sanalika iku uga Adipati Rangga Jumena kawijikan kanthi toya ingkang sampun dipun rajah kalian Patih Wonosalam. Pas dipun wijiki, angganipun Adipati Rangga Jumena kados dipun lolosi otot bayunipun ananging panjenenganipun mboten mangertos menawi tata cara punika damelanipun telik sandi saking Mataram. Sasampunipun sedalu anggenipun nyipeng dhateng Madiun enjingipun age-age wangsul Putra Pambayun dalah Patih Wonosalam.
Dumugi ing Mataram matur kaliyan Panembahan Senopati menawa Kadhipaten Madiun sampun saged dipunkebug perang malih amargi, Adipati Rangga Jumena sampun mboten nggadhahi kadigdayan malih. Sanalika iku uga Panembahan Senopati ngutus Patih Wonosalam nyiapaken prajurit kangge ndherekaken jengkaring Panembahan Senopati nglurug perang dhateng Kadhipaten Madiun. Dumugi ing Madiun kathah prajurit ingkang kasoran nampani pangamuking prajurit Mataram. Adipati Rangga Jumena mapag pangamuking Panembahan Senopati.
Kanthi brangas Adipati Rangga Jumena namakaken Keris Tundhung Madiun marang jajane Panembahan Senopati, ananging mboten tumama. Balik Panembahan Senopati namakaken Tumbak Kyai Pleret marang jajane Adipati Rangga Jumena. Dumadakan angganipun Adipati Rangga Jumena geter pater sanalika kontal, Adipati Rangga Jumena mlajeng mlebet wonten ing Kadhipaten nemoni putranipun ingkang asma Retno Dumilah.
Adipati Rangga Jumena mboten kuwawa ngadhepi kadigdayanipun Panembahan Senopati. Keris Tundhung Madiun dipunpasrahaken dhumateng putranipun Retno Dumilah.
“Masa borong, keslametane Kadhipaten Madiun dakpasrahake marang kowe anakku. Aku wis ora kuwawa ngadhepi Panembahan Senopati. Iki piandelku Keris Tundhung Madiun dak pasrahake sliramu, aku oncat saka Kadhipaten Madiun nylametake ragaku.”
Adipati Rangga Jumena nuli mlajeng medal saking Kadhipaten. Sapungkuring Adipati Rangga Jumena, Retno Dumilah mbetha Keris Tundhung Madiun ngadhepi pangamuking Panembahan Senopati.
Panembahan Senopati sesumbar, “Heee… wong Madiun! apa wis ora ana wong lanang, senopati wanita kok maju perang!”
“Wis ora usah kakehan catur, yen nyata-nyata lanang coba tandhingana aku Retno Dumilah.”
“Yen kena dak eman, kowe wanita ayu rupamu melua aku dak borong menyang Kraton Mataram.”
Mireng suwanten mekaten ndadosaken abriting kuping Retno Dumilah. Kanthi mboten sranta Keris Tundhung Madiun katamakaken marang Panembahan Senopati. Geter pater penggalihipun Panembahan Senopati keplas mlajeng wonten ing ngajengipun Patih Wonosalam.
“Duh kakang sanajan wanita, putra Adipati Rangga Jumena digdaya tenan. Banjur kepriye kakang?”
“Sinuwun prabu, ngadhepi wanita punika sampun ngagem gegaman ananging ngagem ulesing catur, eseming lathi mangke tamtu putra madiun Retno Dumilah saged kapikut.”
“Ya, bener kandhamu, Kakang.”
“Yen kena dak eman, kowe wanita ayu rupamu melua aku dak borong menyang Kraton Mataram.”
Mireng suwanten mekaten ndadosaken abriting kuping Retno Dumilah. Kanthi mboten sranta Keris Tundhung Madiun katamakaken marang Panembahan Senopati. Geter pater penggalihipun Panembahan Senopati keplas mlajeng wonten ing ngajengipun Patih Wonosalam.
“Duh kakang sanajan wanita, putra Adipati Rangga Jumena digdaya tenan. Banjur kepriye kakang?”
“Sinuwun prabu, ngadhepi wanita punika sampun ngagem gegaman ananging ngagem ulesing catur, eseming lathi mangke tamtu putra madiun Retno Dumilah saged kapikut.”
“Ya, bener kandhamu, Kakang.”
Maju ing palagan tanpa ngasta Tumbak Kyai Pleret, Panembahan Senopati tansah sabar ngadhepi mungsuhe. Sanadyan Retno Dumilah ngajak perang ananging Panembahan Senopati tansah ngreridhu nglelewa. Mula saka iku, sipating wanita Retno Dumilah medal banjur pasrah jiwa raga marang Panembahan Senopati. Sanalika iku uga Retno Dumilah kaboyong menyang Kraton Mataram banjur dipundadosaken garwa selir.
No comments:
Post a Comment